Panjangka Tan Kena Sirna The Movie

 [wpdevart_youtube]https://www.youtube.com/watch?v=9CFaa45mVcM[/wpdevart_youtube]

Harapan tak pernah padam. Dipersembahkan oleh IDEA (Institute for Development and Economic Analysis). Sebuah film hasil workshop kamera untuk rakyat atau video partisipatif dengan ibu-ibu Ngudi Mulyo, Karangasem,. Seloharjo, Pundong, Bantul. Bercerita tentang pengalaman mereka belajar anggaran dan memperjuangkan hak mereka untuk memperoleh jatah dalam APBD. sebuah pengalaman tentang perempuan, kesehatan dan anggaran. Film yang mendapat apresiasi dari Kompas dan Jakarta Post, menyabet beberapa penghargaan, dan menjadi model film pembelajaran yang dikerjakan oleh rakyat dan untuk rakyat. Silahkan menonton DISINI.

Sinopsis

Critane, ndisike nang Karangasem Posyandune ora bisa urip amarga dana karo kader Posyandune wis entek. Kabeh ibu-ibu luwih mentingke pegaweane ing alas utawa kebon kanggo ngarit, nanem utawa sapanunggalane kebutuhan ekonomi tinimbang ngurus babagan ngurip-uripke Posyandu. Saka kana, ana siji-loro Ibu-ibu kader Posyandu sing rumangsa grisinen utawa gerah, nduwe kekarepan utawa panjangkan supaya Posyandu sing wis mulai surut mau bisa enggal diuripke maneh, amarga sakjane jumlah balita lan ibu hamil lumayan akeh. Ning, saka kono ibu-ibu sing duwe kekarepan mau bingung, kudu menyang endi supaya bisa kasembadan kekarepane mau.

Tumbu oleh tutup, ndilalahe ing desa kono ana program saka IDEA (Institute for Development and Economic Analysis) sing ngajak bareng warga kareben bisa sinau Anggaran. Sinau anggaran kuwi isine yaiku sinau kanggo mblejeti utawa ndudah celengan duite masyarakat sing nang pemerintahan wis dikelola sing  aran APBD (Anggaran Pendapatan dan Belanja Daerah). Ing kono kabeh kang sinau bakal bisa mudheng babagan asal muasale duit sing dinggo mbiayai pembangunan daerah sing dikelolapemerintah, lan saka pemerintah dicakake kanggo babagan apa wae. Para ibu-ibu mau diajak mbukak dokumen APBD sing kandele atusan halaman lan kebak angka-angka sing jumlae yutanan. Nanging, ibu-ibu mau ora patio mumet amarga saka IDEA bisa ngajak sinau nganggo bahasa sing gampang lang patuladhan kang becik.

Temtu wae kegiatan sinau anggaran sing dianakake IDEA lan diikuti karo warga, khususe ibu-ibu PKK, gampang-gampang susah. Bapak-bapak, contone, ana sing rada owel merga bojone ndadak sok nggaya melu-melu kegiatan sosial. Ing pandangane Bapak mau, wong wedok iku ora susah kakean kegiatan ing njaba. Mendhing ngurus omah lan bocah wae cukup. Untunge, ibu-ibu ora perlu kakean padu karo bojo mrih nandangi kegiatan sinau anggaran lan kabeh persoalan iso dirampuni kanti becik.

Saka sinau anggaran banjur ibu-ibu PKK mau mudheng lan enggal-enggal gawe proposal kareben bisa njaluk duwit kanggo medhukake dana saka kabupaten Bantul. Mesti wae kanggo ibu-ibu sing biasane ngarit, urusan nggawe proposal ora bisa dianggep gampang: mulai saka nyusun konsep, ngrentalke, njaluk tanda tangan instansi njuk nelpon babagan kepastian medhune dana. Ning, hebate, ibu-ibu mau bisa kasembadan anggone nduwe panjangkan.

Sing Nggarap Ibu-ibu

Film iki memang dudu film komersial sing iso dibandingke critane karo model film layar lebar utawa sinetron TV. Ananging isi crita lan patuladhan sing ana ing njero film iki wis terbukti bisa dadi inspirasi kanggo daerah-daerah liyane, khususe ibu-ibu PKK kang nduweni persoalan sing padha. Luwih hebat maneh film iki ora digarap karo sutradara profesional lan pemain sing wis kondang, ananging saka ibu-ibu sing pegaweane saben ndina ngarit. Mungkin pas sampeyan maca ing internet iki, kabeh pemaine malah durung tau ndelok jenenge utawa filme diapresiasi ing layar internet. Film iki wis entuk apresiasi saka JIFFEST kira-kira taun 2005 lan nembe wingi, desember 2008, entuk apresiasi nang Festival Film Dokumenter ing Yogyakarta.

Film iku uga ping bola-bali digunakake karo IDEA nggo mengawali diskusi anggaran karo warga mitra sing durung mudheng babagan pentinge sinau anggaran utawa sinau APBD. Tertarik? klik http://www.panjangkatankenasirna.wordpress.com